wah jogja niku kutho klairan kulo, kulo remen sanget sugeng wonten ngayogjokarta, nopo-nopo murah pados nopo-nopo gampil, sakjane kulo pengen rantau wonten ing luar jowo nanging menawi kemutan jogja dadi ragu maleh ... ten jogja niku pados software bajakan gampil namung rong ewu angsal pepakan, pados warnet murah kathah, pados sego enak tur murah trek-trekan. Ten luar jogja pundi sing ngoten niku kahanane . Kutane aman berhati nyaman, kota seniman lan kabudayan.
Nanging mas-mas / mbak-mbak jogja niku kathah tiyang pinter dadi ngelmu niku ten riki pun mboten nggumuni. kados ngelmu komputer, programming, ndesen web dll pun kathah sing saget tur apik-apik dadi nek urip wonten jogja niku pados upo radi susah

nanging angger atinipun pasrah marang Gusti Kang Akaryo Jagad nggih insya Alloh mboten kekirangan. watone saget angon angen-angen lumantar angin mawon...