Boleh jadi kamu membenci sesuatu, padahal ia amat baik bagimu,
dan boleh jadi (pula) kamu menyukai sesuatu padahal ia amat buruk bagimu;
Allah mengetahui, sedang kamu tidak mengetahui. (QS. 2:216)
Jadwal Sholat untuk wilayah Jakarta dan Sekitarnya, Selasa, 22 Mei 2012/1 Rajab 1433 H : Imsak 4:26:52 - Shubuh 4:33:16 - Terbit 5:55:13 - Dzuhur 11:49:37 - Ashar 15:11:37 - Maghrib 17:44:03 - Isya' 18:57:30 WIB

Penulis Topik: Guyonan ala suroboyoan..., lek ngguyu, ngguyu ae rek, gak usah di empet....  (Dibaca 2546 kali)


Offline devRx

  • myQ Aktivis
  • *
  • Tgl Gabung: Okt 2006
  • Tulisan: 1.766
    • Lihat Profil
« pada: 27 Maret 2007, 02:34:26 »
#1
 Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni. "Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali. "Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis. "Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. "

Bunali mulai bingung. "Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun. "Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung. "Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh. "Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh. "Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."

Offline skinoftears

  • myQ Aktivis
  • *
  • Tgl Gabung: Jul 2006
  • Tulisan: 1.101
  • Jenis kelamin: Pria
    • Lihat Profil
    • Mau bisnis pulsa, ya pulsapulsakita...
« Jawab #1 pada: 27 Maret 2007, 04:58:18 »
walah....  :hihi:

Offline devRx

  • myQ Aktivis
  • *
  • Tgl Gabung: Okt 2006
  • Tulisan: 1.766
    • Lihat Profil
« Jawab #2 pada: 27 Maret 2007, 11:01:49 »
ngguyu o ta' rek, engkok tak kek guyonan liyane...

Offline devRx

  • myQ Aktivis
  • *
  • Tgl Gabung: Okt 2006
  • Tulisan: 1.766
    • Lihat Profil
« Jawab #3 pada: 27 Maret 2007, 13:30:29 »
# 2

Ngumbah Kucing

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
"Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?" takok Bunali.
"Aku katene ngumbah kucing" jare Wonokairun.
"Gak salah tah Mbah." Bunali bingung.
"Iyo soale kucingku akeh tumane." Jare Wonokairun.
"Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah" Bunali ngilingno.
"Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo" jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
"Yok opo kucing sampeyan Mbah ?" takok Bunali.
"Kucingku mati " jare Wonokairun.
"Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo" jare Bunali nyeneni.
"Kucingku mati gak mergo rinso" jare Wonokairun njelasno.
"Opoko lho ??" Bunali gak sabar.
"Tak peres . . . ."

Offline skinoftears

  • myQ Aktivis
  • *
  • Tgl Gabung: Jul 2006
  • Tulisan: 1.101
  • Jenis kelamin: Pria
    • Lihat Profil
    • Mau bisnis pulsa, ya pulsapulsakita...
« Jawab #4 pada: 27 Maret 2007, 17:43:11 »
aku pertama krungu kata "wonokairun" iku soko instruktur pas kuliah mbiyen, ternyata iki toh  :jaim:

Offline devRx

  • myQ Aktivis
  • *
  • Tgl Gabung: Okt 2006
  • Tulisan: 1.766
    • Lihat Profil
« Jawab #5 pada: 27 Maret 2007, 22:03:32 »
3 #Ngimpi Mati

Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake.
"Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.
"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok.
"Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Srondhol.
"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."

Offline nun

  • myQ Newbie
  • *
  • Tgl Gabung: Mar 2007
  • Tulisan: 35
  • Lokasi: surabaya
  • Jenis kelamin: Wanita
    • Lihat Profil
« Jawab #6 pada: 28 Maret 2007, 10:16:46 »
 ;Doal Dev isok2 wae..... ket kapan dhuwe bakat dhaggel tho le....? %peace%

Offline devRx

  • myQ Aktivis
  • *
  • Tgl Gabung: Okt 2006
  • Tulisan: 1.766
    • Lihat Profil
« Jawab #7 pada: 28 Maret 2007, 13:24:51 »
4 # Mulih Gasik



Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik paralon.
Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih ndhisiki, jam loro awan
ngono wis amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
"Wis ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan pisan" jare Munawar.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae arek telu iku
melok amblas.
Munawar gak moleh tapi langsung nang bengkel mbenakno sekok sepeda montore.
Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.
Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug kamar.
Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone.
Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget.
Masalae pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone lagi turu ambek bosse.
Mari ndhelok ngono, Kelik nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.
Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, "Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe".
"Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae" jare Munawar.
Kelik thok sing gak gelem "Gak wis, gathik!!!. Kapok aku".
"Lho opoko kon iku.?" takok konco-koncone.
"Soale wingi aku meh konangan.."

Offline Gio

  • Moderator
  • myQ Pejuang
  • *
  • Tgl Gabung: Nov 2006
  • Tulisan: 5.890
  • Lokasi: Brunei Darussalam
  • Jenis kelamin: Pria
  • I am a traveler
    • Lihat Profil
    • I am a traveler
« Jawab #8 pada: 28 Maret 2007, 21:18:02 »
Ini kayaknya dari kumpulan guyon suroboyoan ya? aku punya tiga jilid. ada yang mau? tapi rodo saru ...thithik.. :malu:
Keep Ukhuwah

Offline hafez

  • myQ Pejuang
  • *
  • Tgl Gabung: Mar 2007
  • Tulisan: 3.050
  • Lokasi: Surabaya
  • Jenis kelamin: Pria
  • Rise and Shine Mujahid!
    • Lihat Profil
    • my humble blog (and i mean it!)
« Jawab #9 pada: 31 Maret 2007, 16:03:36 »
kucing diperes :ktawain:
I am a sinner...but i know god's forgiveness is greater than my sins

Offline Gio

  • Moderator
  • myQ Pejuang
  • *
  • Tgl Gabung: Nov 2006
  • Tulisan: 5.890
  • Lokasi: Brunei Darussalam
  • Jenis kelamin: Pria
  • I am a traveler
    • Lihat Profil
    • I am a traveler
« Jawab #10 pada: 31 Maret 2007, 16:27:16 »
aku pertama krungu kata "wonokairun" iku soko instruktur pas kuliah mbiyen, ternyata iki toh  :jaim:

Skin, Wonokairun itu ada 2 versi. yang pertama yang original, versi Trio Burulunya radio Suzana. Kayaknya ini yang dimaksud instrukturmu. Kalo Wonokairun yang di guyonan versi baru ini, kembangan dari versi originalnya. tapi karakter dua2nya sama. Wong tuo sing lucu, gak gelem kalah dsb...Kalau mau versi 3 jilid guyon suroboyoannya. Bisa via japri. Mudah2an filenya masih ada... O0
Keep Ukhuwah

Offline da vinci

  • myQ Pejuang
  • *
  • Tgl Gabung: Mei 2006
  • Tulisan: 3.432
  • Lokasi: wuhan
  • Jenis kelamin: Pria
  • zhu dajia wanshi ruyi
    • Lihat Profil
« Jawab #11 pada: 31 Maret 2007, 18:40:30 »
carok


     dino iku brodin lan konco koncone podho ditangkep polisi soale mari carok ambek wong kampong sebelah,dheweke ambek konco-koncone dienepno nang polsekta surabaya utara, suwengi,isuke diinterograsi karo polisi,polisi:"kak broden lho sampeyan iki opo'o kok wanine mbacok wong teko mburi??ikugak jantan kak!!"brodin nesu trus njawab:"sampiyan iki ya'opo seh pak!!nek aku mbacok teko ngarep lak mate' aku pak,wong kono jago silat!!!!!""
" Ilmu kedokteran dan revolusi sama-sama  bertujuan untuk menyelamatkan manusia, tapi revolusi menyelamatkan lebih banyak manusia"
dr.sun yat zen

Offline oryza

  • Vice President
  • myQ Setia
  • *
  • Tgl Gabung: Mar 2006
  • Tulisan: 11.287
  • Lokasi: Only the wisest and the stupidest of men never change
  • Jenis kelamin: Wanita
  • One kind word can warm three winter months
    • Lihat Profil
    • http://oryza.or.id/
« Jawab #12 pada: 31 Maret 2007, 18:54:50 »
Melok pisan ah  :hihi:

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk. Mari tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen. Gak keroso enak-enak sir siran dhadhak wis jam rolas bengi.
“Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik.”
jare. Sudjak ndhik bekas pacare.
Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.
“Ndhik endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?” bojone mulai
purik.
“Ngene lho dhik, mari tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak sir siran
sampek lali mulih” jare Sudjak.
“Cak.. cak.. modelmu ae athik sir siran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!”
jare bojone Sudjak.
Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.
“Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh awas kon yo !!!”


If you aren't an idealist by the time you're twenty you have no heart, but if you're still an idealist by the time you're thirty, u don't have a head

Offline oryza

  • Vice President
  • myQ Setia
  • *
  • Tgl Gabung: Mar 2006
  • Tulisan: 11.287
  • Lokasi: Only the wisest and the stupidest of men never change
  • Jenis kelamin: Wanita
  • One kind word can warm three winter months
    • Lihat Profil
    • http://oryza.or.id/
« Jawab #13 pada: 31 Maret 2007, 19:00:20 »
Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko ndhik omahku.

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.

Jarene ngene "Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."

Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke?."

"Lho opoko masalae?" salesmane takok.

"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati..."
If you aren't an idealist by the time you're twenty you have no heart, but if you're still an idealist by the time you're thirty, u don't have a head

Offline hafez

  • myQ Pejuang
  • *
  • Tgl Gabung: Mar 2007
  • Tulisan: 3.050
  • Lokasi: Surabaya
  • Jenis kelamin: Pria
  • Rise and Shine Mujahid!
    • Lihat Profil
    • my humble blog (and i mean it!)
« Jawab #14 pada: 31 Maret 2007, 19:09:31 »
lampu mati :hihi: panganen iku taek :hihi:
I am a sinner...but i know god's forgiveness is greater than my sins